Sunday, August 16, 2015

Nyebut!

Bokongmu leh jengkang jengking ruku, ning yo mbok nggo lungguh ning keplekan
Bathukmu leh mbok gasrukke nang njubin, ning yo njerone pikir ngalor ngidul
Drijimu leh methungul siji nyambi tahiyat, mbok nggo nylempitke cepekan
Jaremu ben lanyah urusan
Lambemu komat kamit maca fatihah, nanging metu ngomah nyebar fitnah
Lha karepmu ki piye?
Ben ngono penjalukanmu kok kakehan ra trimo
Iso ambegan wae sukur
Sujud le sujud, ora sah kakehan ribut
Ben ning nraka kowe ra katut, karo Gusti kudu manut
Uripmu ki mung nunut!



No comments:

Post a Comment